Bahasa Jawa--Kerata Basa ana ing Cerkak
Kerata basa ana ing cerkak
KATHOK
KODHOK
Ponakanku
sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele
ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang. Bojone durung mulih saka nyambut gawe.
Dene anak-anake
liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian
komprehensif.
“Kang
Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan
lagi buneg tenan lho.” Panjaluke adhiku wadon iki.
“Ya,
dak neng-nengane.” Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana
limang taun.
“Udah
yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus..” Aku omong
nganggo basa Indonesia.
Pancen
bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti.
Mulane ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha
nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus.
Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia. Bocah
bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis
migunakake tembung Papa utawa Mama.
“Kenapa
menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?”
“We…weeee…
Teta mau dibelikan baju baru …we…wee..”
Teta
jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbok menawa bapak
ibune mung durung sempat wae.
“Besok
Pak Dhe belikan ya…mau enggak?”
Krungu
jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng pipine, senajan ta
isih mimbik-mimbik manja banget.
“Besok
Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu?”
Jawabane
ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok. Kamangka dhek jaman
cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen
krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok
dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.
Aku
banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi.
Sawatara
crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok
kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah.
Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku ngebrok (ngising neng
kathok). Suara pret…. preet…. preeet…. banjur ambune wah…jan ora karuwan!
Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: “Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!”
Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.
Aku
mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok
kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka weteng ku.
Ora
let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku
malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang wc.
Ibuku
ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku
ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok
anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing
isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
Kelingan
pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis
reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.
Yen
ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira
begjane wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki
reregeding urip bebrayan.
Kerata
basa :
1. Anak
: Karep apa-apa kudu ana
lan enak
2. Bocah : Yen mangan koyo kebo,
penggaweyane ora kecacah
3. Kathok : Diangkat sithok-sithok
4. Kodhok : Teka-teka ndhodhok
5. Weteng : Ruwet tur peteng
Tembung
entar ana ing cerkak
1. Cerkak
” Landheping Krikil ”
Sapa sing ora rumangsa tatu lan pingget atine. Jejering
wanita kablenjani tresnanae. Pancen iki crita wis kaprah, wanita ditinggal
slingkuh sing lanang....
2. Cerkak ” Rangkud Ora Nonton Wayang ”
...Begyane, bocah-bocah nom kaya dene
Antasena lan Wisanggeni cancut tali wanda mbelani
si Petruk nganti ora sida pisah kelawan Kresnawati...
3. Cerkak
” Pagupon Kanggo Mbah Pon ”
Wong sak kampung banjur padha nyawang
mendah abot
sanggane Mbah Pon. Kabeh iki bisa
kadeleng saka tindak-tanduke Mbah Pon sing beda kaya adat saben. Bola-bali
tangga teparo padha diajak rembugan karo ngrasani polah tingkahe anake kuwalon
mau.
4. Cerkak
” Lakon Kalabendu ”
Jamane wis edan. Wong edan dai panutan.
Wong waras padha ora jelas wong sugih wedi getih. Wong
mlarat tambah kesrakat...
5. Cerkak
” Pingget ”
Rampung pilkades kahanan desa sing
maune panas bali adhem ayem maneh. Sing atine tatu, wis wiwit pulih maneh. Nanging
sesambungan asmaraku tetep wae panas.
Tembung
entar :
1. Pingget
atine : Serik
2. Cancut
tali wanda : Sayuk tandang gawe
3. Abot
sanggane : Ora
kuwat
4. Wedi
getih : Jirih / ora wani
5. Atine
tatu / tatu atine : Serik banget
0 komentar :
Posting Komentar