Cerkak Bahasa Jawa & Unsur Intrinsik Cerkak
PETENG
Gegadhangan,
gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud panyuwune
jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih
utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen,
kasuntak byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan
rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para
manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.

Ing
ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane
Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.

Ngenani
babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane
aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung
rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku
luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2.
Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang
samubarange tansah cukat.
Ngenani
dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada
mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora
kabingungan menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu
matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang
nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan
pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan
bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali
maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru,
sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa
bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh…
mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku
sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget
anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.

Bakal
jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas
gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning
ngeremake netra.
Saben
menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak
rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa
selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.

Ngancik
pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak
pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.

Tanggal
4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.

UNSUR INSTRINSIK CERKAK ”PETENG”
A. TEMA : BEBRAYAN
B. ALUR : MAJU
Paraga aku anggone bebrayan wus nora
kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing semono taun tangising
jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa
mecah sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku
kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora
kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter
positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep
anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa
dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang kedokteran saperlu
priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon pucet,
getihe kaya mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut
jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku jumbul. Keringet
adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung,
lan pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal, glaarrr.... dumadakan
peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.
C.
LATAR :
a.
Latar panggonan
: Rumah Sakit
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Mula wiwit mlebu
sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong
minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile
priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing
sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
b.
Latar Suasana :
Trenyuhake
Bisa dibuktekake
saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Dumadakan
nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles
garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute
tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron.
c.
Latar wektu : Esuk
Bisa dibuktekake
saka penggalan cerkak ing ngisor iki.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk
umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben
cepak-cepak.
D.
PENOKOHAN :
a.
Aku : Sabar,
pangerten
Bukti tokoh
”aku” duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Bali
maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru,
sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.
Sesasi,
rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut.
Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu
alon-alon anggone jumangkah kapapah.
b.
Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh
”bojoku” duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor iki
Saben menit bojoku ngelus-elus
wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake,
”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake
Buke…?”
c.
Dokter : Ramah /
sumeh
Bukti tokoh
”dokter” duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki
Nyantri sauntara, udakara jam 10
dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar
priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,”

E.
SUDUT PANDANG :
Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis cerkak.
F.
AMANAT : Kudu
sabar anggone ngadepi cobaning urip.
G.
GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG
migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia
Bukti ana ing
penggalan cerkak ing ngisor iki
Tanggal
4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti
becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup,
normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing
penggalan cerkak ing ngisor iki
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng
langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.
sip :D
BalasHapuslanjutken basa jwane
Matur nuwun...^^
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusmaturnuwun sanget mbak ersita :) sukses selalu yaa~
BalasHapusAmin.. makasih.. ^^
Hapusngandap'e alur ndak sinopsis ????
BalasHapussaged didadoske sinopsis..
Hapusmbak ersita handayani,,, buatin sinopsisnya donk,,, :)
BalasHapusitu yang pembuktian alurnya bisa dijadiin sinopsis
Hapusgatel
BalasHapusTolong dong unsur ekstrinsiknya......????
BalasHapusbisaa... ditunggu aja yaa
Hapuswah backsoundnya super junior haha
BalasHapusoke.., thanks :)
BalasHapusterimakasih sangat membantu dalam membuat tugascerkak bahasa jawa dan unsur intrisiknya jempol deh
BalasHapussinopsis nya dong
BalasHapussinopsis nya dong
BalasHapusGatau atinya :(
BalasHapus2020?
BalasHapus